Keong Mas | Cerito Boso Jowo

Keong Mas | Cerito Boso Jowo | Cerito Boso Jowo "Keong Mas" | Iki lho Cerito Boso Jowo Keong Mas sing mbutuhne iki lho monggo disimak ae.

"Keong Mas"

Kira-kira wis setaun desa Dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa dadine larang pangan lan akeh lelara gawe uripe warga ketula-tula.
Ora beda mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing lola tanpa dulur, nggo nyambung uripe sabendinane dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Kahanan kaya mangono dheweke ora nggresula. Malah saya nyaketake marang Gusti Kuasa. “Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika.”
Esuk-esuk mbok Randha menyang alas golek panganan. Nalika lagi milang-miling ruh cahya cumlorot saka sak tengahing kali kanga sat. ing batine tuwuh pitakon “Cahya apa kuwi, kok cumlorot kaya emas ?” banjur nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.
Kaya biyasane, mbok Randha menyang alas nanging nganti meh surup urung entuk krowodan dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing emperan dheweke nyang pawon menawi ana krowodan kang bias ganjel wetenge kang luwe. Dheweke kami tenggengen ngerti panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon sopo sing ngeteri panganan kuwi. Ing saben dina sak bacute saben mulih ko alas pawone wis cumepak panganan. Mula kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing pawone.
Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga Keong Mas mau metu saka genthong malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri ayu kuwi.
“Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong Mas ?”
“Yung aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.”
“Lho kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?”
Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh saka kraton Jenggala. Wekasane ora bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing kahanan nalika kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang ing watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan.
Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lanang di dhodog Mbok Randha banjur mbukakne lawang. Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa kraton, crita menawa dheweke diutus Raden Inukerta supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor kencana.
Nampa kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, Raden Inukerta sauwat kaget amargi kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana kajaba Dewi Candrakirana. Raden Inukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang Dhadapan nemoni Limaran. Eeeba bungahe Raden Inukerta ketemu Limaran kang sejatine garwane dewe Dewi Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta karo garwane dibarengi udan deres ing desa Dhadapan. Tekane udan wise pageblug ing desa Dhadapan. Kali bali mili, tlaga agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune Mbok Randha Dhadapan.

Kancil Lan Monyet

Kancil Lan Monyet | Cerito Boso jowo "Kancil Lan Monyet" | Iki lo rek cerito Boso Jowo soko cerito kewan loro yoiku Kancil lan Monyet, iki lho ceritone.

"Kancil Lan Monyet"


Ing sawijine dina ing rimba, ana akeh jenise kewan sing urip tentrem lan akur siji lan sijine. Kabeh kewan nduweni keuripan lah lakune dewe-dewe. Nanging ana siji kewan sing anane gawe drusila lan paling licik, arane Kancil. Kelicikane utek lan pintere ngomong nipu kanca batir. Kancil wis dikenal kaya dene kewan sing duweni sayuto tipu daya. Nah iki sing dadi sasarane Monyet.
Ing sawijining dina, ana Monyet lagi penekan ing ngisor wit pring. Singsot, ndendang karo ngrasani roti. Kancil teka, weruh Monyet sing agi asik karo rotine. Utek licike muncul pingin jukut roti kang tangane Monyet.
"Nyet..Nyet..," undnag Kancil marang Monyet.
Monyet maringi Kancil, "Ana apa Cil? Keo ngundang aku?," takon Monyet.
Kancil : "Nyet.. aku wei setitik rotine, setitik baen aja akeh-akeh," jaluke Kancil
Monyet : "Iya.. aku kan apikan, kiye separoan karo aku,"
Kancil : "Suwun ya Nyet... koe mancen apikan, nanging aku baen sing maro," jaluke Kancil.
Monyet aweh roti nggo diparo maring Kancil ora nduweni rasa curiga karo Kancil. "Kiye... koe paro sing adil," penjalukane Monyet karo aweh rotine marang kancil.
Kancil maro rotine karo utek licike, siji gede siji cilik, nanging Monyet ora ngerti. Sawise diparo Kancil aweh bagean sing cilik maring Monyet, bagean sing gede dicekel dewek.
"Cil... nang ngapa ka gede gone ko?," takon Monyet.
Kancil : "Mrene gawa mrene, tak gawe pada.," banjur Kacil mangan setitik rotine sing gecel dewek, "Iki wis pada," Kancil aweh rotine meng Monyet.
Monyet : "urung Cil!! kue esih gede gone aku,"
Kancil njiot roti sing nang tangane Monyet, banjur dipangan setitik, kaya kue seteruse kanti rotine entek dipangan Kancil. hihihihi
Ahire Kancil mangan rotine kabeh, Monyet ulih kesuh karo Kancil wong Monyet sing duweni roti malah ora tampa. Mancen Kancil licik ora patut ditiru, urip nang masyarakat kue kudu brayan urip lan sinambi rewang siji lan siji liane. Urip bakal rukun ora kaya jaman saiki urip pada karepe dewe-dewe.

Asal Usule Kerajaan Medang Kamulan Versi Jowo

Asal Usule Kerajaan Medang Kamulan Versi Jowo | Ayo ojo podo lali karo sejarah senusantara kudu wajib dijogo iki kabeh, ojo mung sak sire dewe iki lho cerito Jowo Asal Usule Kerajaan Kamulan.

"Asal Usule Kerajaan Medang Kamulan"


Kacarita tlatah Jawa iku wis dikuasai dening Kerajaan Galuh kang dipimpin Prabu Sindulaya Sang Hyang Prabu Watu Gunung. Pusat pemerintahane ana ing Jawa Barat amarga dianggep nduweni peran penting marang raja-raja ing tlatah liya Jawa. Prabu Watu Gunung pancen berhasil ndadekake Galuh dadi misuwur lan wargane bisa urip makmur.

Prabu Watu Gunung duwe anak papat. Anak kaping pisan yaiku wadon jenenge Dyah Ayu Dewi dadi ratu ing Nusatembini. Anak kaping pindho jenenge Pangeran Adipati Dewata Cengkar. Anak kaping telu yaiku Dewata Pemunah Sakti kang dadi Adipati ing Madura. Anak kang ragil jenenge Pangeran Adipati Dewata Agung dadi Adipati ing Pulo Bali.

Para warga ora seneng marang tumindake Pangeran Adipati Dewata Cengkar kang ala amarga Prabu Adipati Dewata Cengkar seneng nyiksa rakyat cilik lan seneng mangan dhaging manungsa. Amarga keweden, para warga padha lunga saka tlatah kono. Weruh kahanan Galuh sing kaya mangkono, Prabu Watu Gunung murka, banjur ngutus Patih supaya ngundang Pangeran Adipati Dewata Cengkar. Satekane ing Kerajaan Pangeran Adipati Dewata Cengkar mung meneng. Amarga jengkel marang tumindake anake sing kaya mangkono, Prabu Watu Gunung banjur misuh-misuh.
“Dewata Cengkar! Karepmu ki kepriye? Apa awakmu saiki wis edan? Tumindakmu kaya kewan, ngisin-ngisinake wong tuwa. Awakmu ora pantes dadi anakku. Yen ora bisa ngubah tumindakmu, luwih becik awakmu lunga saka kene!”
Krungu kaya mangkono, atine Pangeran Adipati Dewata Cengkar dadi lara. Amarga ora bisa nahan emosine, Pangeran Adipati Dewata Cengkar lunga saka Kerajaan tanpa pamit marang ramane. Sawise kadadean kuwi, Pangeran Adipati Dewata Cengkar kasil ngumpulake prajurit sing isih setia marang dheweke banjur diajak lunga menyang tlatah wetan tekan ing pegunungan Kendeng sing strategis cedhak karo Teluk Lusi.
Ing tlatah kono, Pangeran Adipati Dewata Cengkar mbangun kerajaan lan ngangkat awake dhewe dadi raja kang nduweni gelar Prabu Dewata Cengkar. Aryo Tengger diangkat dadi Patih lan Rudo Pekso diangkat dadi Tumenggung. Karajaan iku diwenehi jeneng Medang Kamolan. Nalika kuwi Prabu Dewata Cengkar uga kasil ndadekake Medang Kamolan dadi misuwur lan rakyate bisa urip makmur. Amarga kadadean iku, Prabu Dewata Cengkar bisa nglalekake dhendham marang ramane. Nanging, amarga oleh rayuan saka Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso, dhendham iku muncul maneh. Sahingga Sang Prabu ngutus prajurite kanggo nyerang lan ngrusak Kerajaan Galuh kang dipimpin dening dheweke. Amarga ora ana persiapan, prajurit Kerajaan Galuh akeh sing padha mati. Weruh kahanan sing kaya mangkono, Prabu Watu Gunung murka banjur Sang Prabu mudhun ing medhan perang ngadhepi anake mau.
“Dewata Cengkar! Apa kaya ngene caramu mbales budi marang wong tuwamu? Besok sing nduweni Galuh ya awakmu, nanging ora ngene carane.”
“Aku wis ora butuh pidhatomu maneh. Ayo saiki lawan aku!”
“Sabar dhisik, tumindakmu kuwi ora direstui dening Sing Maha Agung. Besok awakmu bakal kuwalat.”
Durung nganti bubar anggone ngendikan, Prabu Dewata Cengkar ngguyu kecakakan.
“Hua…..ha…..ha…..! Ora usah kakehan ngomong, cepet wenehake Galuh marang aku!”
“Iya, nanging ora saiki.”
Krungu ngendikane Prabu Watu Gunung, Dewata Cengkar banjur ngangkat gada lan ngunusake ing awake Prabu Watu Gunung. Sanalika krungu swara banter sing ngetokake kebul lan cahya kang sumunar. Sawetara swara lan cahya mau banjur ilang semono uga rakyat lan kerajaane. Tlatah iku maleh dadi alas lan saka njero alas iku keprungu swara sepatan Sang Prabu marang Dewata Cengkar.
“Dewata Cengkar! Kabeh mau wis kebanjur. Tumindakmu sing kaya kewan, ing tembe buri bakal dadi kasunyatan.”
Nalika krungu swara mau, Prabu Dewata Cengkar gela mateni ramane, wedi yen dadi kasunyatan. Nanging Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso bisa nguwasani atine Sang Prabu. Sang Prabu banjur seneng amarga oleh bombongan saka para warga. Pawarta iku langsung sumebar marang rakyat Medang Kamolan, banjur dianakake syukuran kanggo nyambut tekane Prabu Dewata Cengkar. Nanging ing dina iku, dadi dina sing naas kanggo wong wadon sing masak ing kerajaan. Amarga njenthike sing keiris nganti tugel iku katut kemasak nalika ditinggal nggolek obat. Syukuran iku kalaksanan kanthi lancar. Sabubare kuwi, Prabu Dewata Cengkar ngendika marang Patih Aryo Tengger.
“Tih…! Patih…! Coba awakmu mrene sedhela!”
“Wonten punapa, Prabu?”
Aku arep takon marang awakmu, dhaging apa sing paling kosenengi?”
“Dhaging sapi, Prabu.”
“Goblog, dhaging sing paling enak kuwi sabenere dhaging manungsa. Biyen nalika isih ing Kerajaan Galuh aku kerep mangan dhaging manungsa. Wiwit manggon ing kene, aku ora tau mangan maneh. Aku meh wae nglalekake rasane kepriye, saupama mau ora mangan.”
“Punapa wau wonten masakan dhaging manungsa?”
“Ana, nanging ora sengaja ing masakan mau katutan dhaging manungsa.”
Weruh kaya mangkono Patih keweden yen juru masak kerajaan oleh ukuman saka Sang Prabu. Nanging anehe Sang Prabu malah seneng banjur ngutus Patih supaya nggolek dhaging manungsa.
“Wiwit sesuk awakmu kudu nggolek korban manungsa sing dhaginge dimasak kanggo aku!”
Patih Aryo Tengger banjur nggawe dhaftar sapa wae sing bakal dadi korbane Sang Prabu. Selot suwe akeh warga sing dadi korban. Tumindak sing ala iku akhire konangan dening para warga Medang Kamolan. Wiwit iku para warga padha lunga saka tlatah kono. Senadyan Ki Granteng weruh yen anake bakal dadi inceran Sang Prabu, nanging keluargane tetep manggon ana kono.
Wiwit jeneng Kerajaan Medang Kamolan misuwur nganti tlatah liya, akeh wong padha ngumbara menyang kerajaan iku, antarane: Ajisaka, Dora lan Sembada. Niate Ajisaka ngumbara yaiku kepengin nyebarake agama lan nggolek pengalaman. Kapal sing ditumpangi iku labuh ing Nusa Majedi, sing saiki dadi Bawean. Ing tlatah kono Ajisaka oleh kateragan babagan Kerajaan Medang Kamolan. Nalika arep budhal, Ajisaka meling marang Sembada supaya dheweke tetep ing Nusa Majedi njaga barang-barang bekal lan kerise Ajisaka. Amarga Ajisaka lan Dora bakal lunga menyang Medang Kamolan. Sapa wae sing njaluk keris kuwi aja diwenehi saliyane Ajisaka.
Let sedhela kapal sing ditumpangi mau oling nganti tengah samodra banjur keseret nganti pinggir pantai Nusa Jawa. Ajisaka lan Dora banjur mlaku menyang Medang Kamolan. Ing dalan Ajisaka kepethuk karo rakyat Medang Kamolan sing padha ngungsi, banjur dheweke takon marang salah sijine ana apa kok padha ngungsi. Nanging ora ana wangsulan sakecapa. Amarga iku Ajisaka sansaya dadi penasaran pengin ngerti kahanan Kerajaan Medang Kamolan kok bisa ndadekake warga padha ngungsi.
Ora dinyono, Ajisaka lan Dora kasil tekan wates Medang Kamolan kanthi selamet. Pangumbaraan iku tetep diterusake nganti tekan sawijining desa. Ing desa iku namung ana saomah kang isine Ki Granteng sakeluarga. Banjur Ajisaka ngutus Dora nathak lawang omahe Ki Granteng. Nanging Ki Granteng curiga dikirane Ajisaka lan Dora utusane Prabu Dewata Cengkar.
“Panjenengan sinten?”
“Kula Dora, Pak. Menika Tuan Ajisaka.”
“Panjenengan utusan saking Medang Kamolan?”
“Boten, Pak kula tiyang asing ingkang nembe sepindhah dhateng wonten mriki.”
“Menawi mekaten, mangga mlebet.”
Ajisaka lan Dora banjur mlebu omah.
“Pak, saderengipun kula nyuwun pangapunten menawi kula ngganggu bapak sakeluarga.”
“Boten, Nak. Kula sampun biasa, saben wonten tamu kita tetep ngormati senadyan namung sawontene. Nak Ajisaka kaliyan Nak Dora saking pundi?”
“Kula saking tlatah sebrang, Pak tebih saking mriki. Menawi nitih prau ngantos wulanan.”
“Tindak mriki ajeng lahnapa?”
“Pados pengalaman, Pak.”
“Ingkang dipadosi pengalaman menapa?”
“Niku, Pak… Negeri Medang Kamolan menawi wonten desa kula misuwur sanget, amargi sitinipun subur lan para warganipun makmur.”
“Ah… ngapusi!!! Wonten mriki leres menawi sitinipun subur, ananging warganipun urip sengsara. Saniki para warga sami ajrih marang tumindakipun Prabu Dewata Cengkar.”
“Tumindak ingkang kados pundi, Pak?”
“Boten pantes kula cariyosaken dhateng Panjenengan. Prabu Dewata Cengkar menika remen dhahar dhaging manungsa. Kula piyambak ugi bingung amargi lare kula “Roro Cangkek sampun didhaftar dados korban. Wah…ngantos kesupen, mangga dipununjuk.”
“Matur suwun”.
Sawise ngunjuk, Ajisaka banjur matur yen arep nunut ing kiwan.
“Pak, kula ajeng nunut wonten ing kiwan saged napa boten?”
“O… nggih, mangga.”
Ajisaka banjur menyang ing mburi, nanging dheweke kaget ngrasa kaya ngimpi nalika tepung perawan ayu ing desa cilik kaya ngene. Ora liya perawan mau jenenge Roro Cangkek. Ajisaka lan Roro Cangkek padha sawang-sinawang, nanging Roro Cangkek isin amarga dheweke mung kembenan. Ajisaka banjur mlebu kiwan, banyu sing mili saka got kiwan mau banjur diombe jago duweke Roro Cangkek. Sanalika jago iku petok-petok kaya pitik babon sing arep ngendog. Iku nggawe kagete Roro Cangkek, banjur jago mau dilebokake kandhang.
Dumadakan ing pekarangan Ki Granteng ana Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso sing kepengin nyekel Roro Cangkek kanggo didadekake santapan Sang Prabu. Roro Cangkek banjur njaluk tulung marang wong tuwane, nanging ora ana wangsulan amarga wong tuwane semaput sabubare dipenthung sirahe, semono uga Dora sing dibanda ing pojok omah mung bisa meneng. Nalika Roro Cangkek wis digawa metu, Ajisaka nyegah punggawa Medang Kamolan.
“Tuan-tuan…!!! Endhegake dhisik tumindakmu. Mesakake dheweke kuwi dudu kewan, nanging manungsa, apa maneh iku wong wadon.”
“Menenga!!! Iki dudu urusanmu, dudu urusane wong asing kaya awakmu. Yen awakmu nekad bakal dakpateni. Cepet lunga!!!”
“Aku ngerti iki dudu urusanku, nanging…!”
“Nanging apa, ayo cepet ngomong!!!”
“Ngene, aku sabenere ora kepengin ngganggu, nanging aku mung kepengin ngrewangi, kuwi wae yen Panjenengan gelem dakrewangi.”
“Ngrewangi kepriye? Cepet ngomong!!!”
“Prawan sing Panjenengan asta kuwi duwe lara sing bisa nular. Sapa wae sing cedhak dheweke bakal ketularan.”
Amarga weruh rai polose Ajisaka, punggawa kerajaan mau banjur percaya. Sanalika Roro Cangkek banjur dicolake.
“Tuan-tuan ora usah curiga marang aku! Amarga kesetiaanku marang Panjenengan mula katerangan mau dakomongake. Nanging ora usah kuatir, aku bakal nggantekake prawan mau dadi korbane Sang Prabu.”
Patih Aryo Tengger wis ora sabar ngrungokake omongane Ajisaka, banjur ngutus anak buahe.
“Tumenggung, cepet prawan kuwi colake banjur Ajisaka gawa ngadhep Sang Prabu kanggo gantine!”
Ngerti kadadean kuwi, sanalika Roro Cangkek nguculi tali saka tangane langsung mlayu ngoyak Ajisaka. Roro Cangkek nyekeli tangane Ajisaka banjur ngaturake matur suwun. Ajisaka banjur digawa ngadhep marang Sang Prabu. Sang Prabu nesu amarga utusane ora kasil nggawa Roro Cangkek. Nanging banjur dadi seneng nalika weruh ana sawijine nonoman sing digawa ngadhep.
“He bocah! Dadi Kowe sing diundang Ajisaka dening para warga?”
“Nggih, Prabu. Kula ingkang naminipun Ajisaka saking tlatah sebrang.”
“Apa tujuanmu ing negara iki? Arep dadi-mata-mata?”
“Boten, Prabu. Kula kaliyan rencang kula namung kepengin ngumbara kaliyan pados pengalaman.”
“Kowe ngerti digawa mrene kanggo apa?”
“Boten, Prabu. Kula namung ndherek Patih Aryo Tengger kaliyan Tumenggung Ruda Pekso. Kula siap diajak wonten pundi kemawon dening ingkang mbetahaken. Langkung-langkung kula remen sanget amargi saged kepung kaliyan Panjenengan wonten mriki.”
“Apa sing kokorbanake kanggo negeri iki?”
“Kula boten gadhah emas inten utawi bandha awis sanesipun. Kula namung gadhah jiwa raga, Paduka.”
“Apa kowe lila yen jiwamu dakpateni lan ragamu dakiris-iris kanggo santapanku?”
“Kula lila menawi takdiripun mekaten.”
“Apa kowe wis edan?”
“Boten, Prabu. Kula boten edan. Niki bukti kesetiaanku marang negara Medang Kamolan.”
“Hua…ha…ha…!!! Matur nuwun, Ajisaka, banjur apa sing kojaluk?”
“Kula namung nyuwun sapetak siti ingkang wonten ing alun-alun Medang Kamolan saamba surban ingkang kula agem.”
“Apik…apik! Apa sing kojaluk bakal dakwenehi.”
“Sanesipun, ingkang ngukur menika kula kaliyan Panjenengan kanthi diseksekake dening para warga.”
“Ya… bisa… bisa. Banjur kapan arep dilaksanakake? Saiki bisa apa ora? Masalahe aku wis ngelih banget.”
“Saged. Saniki saged ngumumaken marang para warga supados nyeksekake anggenipun ngukur.”
“Patih, utus anak buahmu supaya ngumumake marang para warga lan awakmu ngiring aku lan Ajisaka menyang tengah alun-alun.”
Sawise tekan tengah alun-alun, Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso menehi ngerti lemah ing alun-alun marang Sang Prabu, banjur Sang Prabu miwiti.
“Ajisaka! Lemah endi sing kojaluk? Cepet jereng surbanmu!
Kain surban Ajisaka diuculi banjur dilempit dawa kaya gulungan. Prabu Dewata Cengkar nyekel kain bagian kidul lan Ajisaka nyekel kain bagian lor. Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso dadi seksi lan sing menehi aba-aba, uga ngumumake marang para warga yen anggone ngukur lemah diwiwiti.
Anehe surban sing dijereng mau ora entek-entek nganti nutupi atusan hektar lemah. Patih Aryo Tengger nyoba murungake upaya Sang Prabu, nanging ora ana gunane. Nganti Sang Prabu ana ing pucuk jurang, Ajisaka ora gelem murungake panjaluke.
“Ajisaka! Aku ngaku kalah lan bakal menehake kekuasaan lan kerajaanku marang kowe asalkan aku tetep bisa urip.”
Sing mangsuli ora Ajisaka, nanging para warga.
“Tuan Ajisaka! Ampun mirengaken ngendikane Sang Prabu, wis akeh warga sing dadi korban amarga tumindake.”
Krungu swara para warga, Ajisaka sansaya kepengin mateni Sang Prabu. Kanthi ndonga marang Sing Maha Kuwasa, pucuk surban sing dicekel banjur dikibatake. Surban bagian kidul nyabet awake Sang Prabu nganti mencelat adoh tekan tengah samodra banjur ilang keseret ombak. Saka tengah samodra iku banjur muncul baya putih sing cangkeme mangap lan bisa omongan kaya manungsa.
“He Ajisaka! Rungokake aku! Saiki aku ngaku kalah, nanging aku bakal balas dhendham marang anak putumu sing ora ngati-ati ing tengah samodra iki bakal dadi mangsaku.”
Sawise kadadean kuwi, Ajisaka diangkat dening rakyat kono dadi raja Medang Kamolan kang nduweni gelar Prabu Ajisaka. Prabu Ajisaka banjur diarak dening rakyate menyang kerajaan. Dene sing keri ing pinggir samodra nyekel Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso guna dibuak ing tengah samodra, dikumpulake dadi siji karo Prabu Dewata Cengkar.
Saiki Kerajaan Medang Kamolan iku dadi jeneng Desa Medang Kamolan ing Kecamatan Gabus, Kabupaten Grobogan.

Watu Tibo Ing Laut

Watu Tibo Ing Laut | Cerito Boso Jowo "Watu Tibo Ing Laut | Hoe poro dulur kabeh ke mawon iki ono cerito lelucon boso Jowo monggo disimak sing purun.

Watu Tibo Ing Laut

Mas Agung : Njal genti kowe sing mbethek'i,Lek!tak karo ngetes kemampuanku,hehe..
Tri Goro     : Gayamu,...!!!
Mas Agung : yo sekali kali barang to yo, gentenan...
Tri Goro     : Iki rungokno...watu putih yen diuncaklke ning laut pmerah bakal dadi opo?
Mas  Agung : aku wani botohan 100 %, ra bakal dadi opo2...
Tri Goro      : Wah gk joss brati,
Mas Agung : tetep wujud arupo watu, ra mungkin malih rupo
Tri Goro     : wis, thit ra iso?
Mas Agung : dadi opo wis njal?
Tri Goro     : Dadi teles watune to yo, piye masuk akal pora?
Mas Agung : Bocah SD wae ngerti nek watu diuncalke ning laut mesthi dadi teles,  mboh iku laute laut merah, laut putih, laut hitam...!!!
Tri Goro     : Lho piye to, jenengane ae bethek'an hare,Lek
Mas Agung : ah barang, wis...wis..LAUT aku
Tri Goro     : Hahaha.....

Pangeran Dipanegara Versi Jowo

Pangeran Dipanegara Versi Jowo | Cerito Boso Jowo "Pangeran Dipanegara" | Monggo ojo podo lali karo Para Pejuang kanggo negeri iki. Iki enek cerito tentang Pahlawan Nasional yoiku Pangeran Dipanegara.

"Pangeran Dipanegara"


Pangéran Dipanegara utawa ing basa Indonésia Pangeran Diponegoro (Yogyakarta, 11 November 1785 - Makassar, 8 Januari 1855) kuwi sawijining pahlawan nasional Republik Indonesia. Pasaréyané dumunung ana ing Ujung Pandang.

Asal-usul Diponegoro

Diponegoro kuwi putra pambarep Hamengkubuwana III, raja Mataram ing Yogyakarta. Lair tanggal 11 November 1785 ing Yogyakarta saka garwa ampil kang asmané R.A. Mangkarawati, yaiku garwa ampil kang asalé saka Pacitan. Pangeran Diponegoro duwé jeneng asli Raden Mas Ontowiryo.
Mangertèni kalungguhané minangka putra saka garwa ampil, Diponegoro nulak kersaning sang rama, Sultan Hamengkubuwana III kang arep ngangkat dadi raja. Panjenengané nulak amarga ibuné dudu garwa padmi. Panjenengané kagungan garwa telu yakuwi: Bendara Raden Ayu Antawirya, Raden Ayu Ratnaningsih, lan Raden Ayu Ratnaningrum.
Diponegoro luwih kepéncut marang babagan agama lan cedhak karo rakyat saéngga luwih seneng manggon ing Tegalrejo, dalemé éyang buyut putri, permaisuri saka HB I Ratu Ageng Tegalrejo tinimbang urip ana ing kraton. Pambrontakané marang kraton diwiwiti nalika kapemimpinan Hamengkubuwana V (1822) yakuwi nalika Diponegoro dadi salah siji anggota perwalian kang ndhampingi Hamengkubuwana V kang isih umur 3 taun, déné pamaréntahan sadina-dina dicekel déning Patih Danurejo bebarengan karo Residen Walanda. Cara perwalian kaya mangkono kuwi ora disarujuki déning Diponegoro.

Riwayat Perjuangan

Perang Diponegoro miwiti nalika Walanda masang pathok ing tanah duwèké Diponegoro ing désa Tegalrejo. Wektu kuwi, pamjenengané pancèn wis eneg karo tumindaké Walanda kang ora ngregani adat istiadat lan ngèksploitasi rakyat kanthi pajak.
Sikap Diponegoro kang nentang Walanda sacara terang-terangan, olèh simpati lan dhukungan saka rakyat. Kanthi saran Pangeran Mangkubumi, pamané, Diponegoro nyingkir saka Tegalrejo, lan gawé markas ing sawijining guwa kang jenengé Guwa Selarong. Wektu kuwi, Diponegoro nyatakaké yèn perlawanané kuwi minangka perang sabil, perlawanan ngadhepi kaum kafir. Semangat "perang sabil" kang dikobaraké déning Diponegoro nggawa pengaruh nganti tekan wilayah Pacitan lan Kedu. Salah sawijining tokoh agama ing Surakarta, yakuwi Kyai Maja, mèlu nggabung karo pasukan Diponegoro ing Goa Selarong.
Sajroning perang iki karugên pihak Walanda ora kurang saka 15.000 tentara lan 20 yuta gulden.
Manéka cara terus diupayakaké déning Walanda kanggo nyekel Diponegoro. Malah nganggo sayembara barang. Bebungah 50.000 Gulden diwènèhaké kanggo sapa waé kang bisa nangkep Diponegoro. Nganti pungkasané Diponegoro dijebak lan dicekel ing taun 1830.

Penangkapan lan pengasingan


  • 16 Februari 1830 Pangeran Diponegoro lan Kolonel Cleerens ketemu ing Remo Kamal, Bagelen, Purworejo. Cleerens ngusulaké supaya Kanjeng Pangeran lan pendhèrèk lèrèn dhisik ing Menoreh sinambi nunggu karawuhané Letnan Gubernur Jenderal Markus de Kock saka Batavia.
  • 28 Maret 1830 Diponegoro nemoni Jenderal de Kock ing Magelang. De Kock meksa nganakaké perundingan lan ndesek Diponegoro supaya ngendhekaké perang. Panjaluk iki ditulak déning Diponegoro. Nanging Waelanda wis nyepakaké panyergapan kanthi tliti. Dina kuwi uga Diponegoro ditangkep lan diasingaké menyang Ungaran, banjur digawa menyang Gedhung Karesidenan Semarang, lan langsung menyang Batavia migunakaké kapal Pollux ing tanggal 5 April.
  • 11 April 1830 tekan Batavia lan ditawan ing Stadhuis (saiki gedhung Museum Fatahillah), sawetara nunggu kaputusan saka Gubernur Jenderal Van den Bosch.
  • 30 April 1830 kaputusan wis metu. Pangeran Diponegoro, Raden Ayu Retnaningsih, Tumenggung Diposono lan garwa, sarta para pedhèrk liyané kaya Mertoleksono, Banteng Wereng, lan Nyai Sotaruno bakal dibuwang menyang Manado.
  • 3 Mei 1830 Diponegoro lan rombongan dibudhalaké nganggo kapal Pollux menyang Manado lan ditawan ing Bèntèng Amsterdam.
  • 1834 dipindahaké menyang Bèntèng Rotterdam ing Makassar, Sulawesi Kidul.
  • 8 Januari 1855 Diponegoro wafat lan disarèkaké ing kampung Jawa, Makassar.

Jroning perjuangan, Pangeran Diponegoro dibantu déning puterané kang asma Bagus Singlon utawa Ki Sodewo. Ki Sodewo ngayahi paperangan ing wilayah Kulon Progo lan Bagelen.
Ki Sodewo duwé ibu kang asmané Citrowati, kang séda ing sajroning serangan Walanda. Ki Sodewo cilik utawa Bagus Singlon tuwuh diwasa jroning asuhan Ki Tembi, kapercayaan Pangeran Diponegoro. Bagus Singlon utawa Raden Mas Singlon utawa Ki Sodewo sawisé remaja banjur nyusul bapaké ing medan pertempuran. Saora-orané Pangeran Diponegoro duwé 17 putra lan 5 putri, kang kabèh saiki nyebar ing saindhenging Indonésia, kalebu ing Jawa, Sulawesi lan Maluku.

sumbere: http://jv.wikipedia.org

Pitek Mogok Mangan

Pitek Mogok Mangan, Cerito Boso Jowo "Pitek Mogok Mangan" | Menganai masalah sebuah dongen kini sudah mulai surut dikalangan masyarakat entah faktor dari dirinya sendiri ataupun dorongan orang lain, mari disimak Cerito Boso Jowo sing lelucon kanthi judul "Pitek Mogok Mangan"


"PITEK MOGOK MANGAN"




Bar nganakke pengajian Mbak Dewi ngresiki ruang tamu karo njukuki turah-turahan suguhan sing ora dipangan karo tamune. Salah suwijining panganan yaiku lumpia sajake wis rada lawas. Lumpia iku akeh sing kur dicokot sithik karo tamune, ora dienthekake. Mbak Dewi ngambu lumpia kuwi, banjur celathu menawa lumpiane wis rada banger. Apike dipakakke pithik wae. Ndilalahe pithike Mbak Dewi krungu omongan iku banjur grenengan marang kancane  

Pithik Blorok:  
Wah lumpia sing wis mambu kae mesthi dipakakke aku

Pithik Putih:
Loh njuk ngapa tho?

Pithik Blorok:
Awake dhewe wiwit mbiyen dipakani sing mambu-mambu terus, ora tau sing enak-enak. Mbok pisan-pisan ora sah dienteni mambu!.  Makani barang apik ora iso popiye?

Pithik Putih:
Hooh bener Blo!. Awake dhewe kur diwenehi turah-turahan. Nek ngono mengko ethok-ethok ora doyan mangan wae po?

Pithik Blorok:
Bener Put!. Engko nek diwenehi lumpia dieker-eker wae rasah dipangan.

^_^

Wasan rampung ngresiki ruang tamu, Mbak Dewi njukuk lumpia  sak gegem,  diuncalke ning lemah ben dipangan pithike.  Ananging pithik loro kuwi malah kur ngeker-eker lumpia nganthek sumebar tekan ngendi-endi.  Babar pisan ora gelem mangan.

Weruh pithike ora doyan lumpia, Mbak Dewi  banjur njukuk sega mambu ning pawon. Segane dilebokake ning trempolong ben dipangan pithike. Nanging pithike malah kur nendang-nendang trempolong nganthek segane tumplak. Mbak Dewi bingung, apa sebape pithike ora gelem mangan?.  

Untunge dheweke kelingan nduwe roti tawar lawas sing wis njamur.  Mbok menawa pithike doyan roti. Rotine dijukuk ning nduwur meja, banjur dioncalke ning ngarepe pithike. Ternyata padha wae nasibe karo lumpia banger lan sega mambu. Roti jamuran iku blas ora dipangan karo pithike. Malah ditendang-tendang ngantek kontal ning ndalan. Mbak Dewi kaget marang pokale pithike.

Dumadakan Adhine Mbak Dewi metu saka omah karo nuntun Ponakane sing melet-melet kepedesen merga mangan arem-arem.  “Kowe ki durung doyan pedes Le, wis dilepeh wae arem-areme” celathune marang Ponakane.  Weruh adhine metu saka omah, Mbak Dewi banjur cerita menawa pithike dho ora doyan mangan.

Adhine:
Wooo, sajake pithikmu padha gering ki, saiki lagi musim Penyakit Tetelo loh!

Mbak Dewi:
Wooo ngono tho, nek ngono digolekke obat apa ya?

Adhine:
Rasah diobati. Dibeleh wae. Soale mengko malah nulari kanca-kancane.

Pithik Blorok kaget banget  krungu usulan dheweke dibeleh wae.  Blorok tambah kaget wasan weruh Pithik Putih ujuk-ujuk notholi lepehan arem-arem.

Pithik Blorok:
Kowe ki piye tho ? Awake dhewe wis nolak mangan sega, kok malah trima mangan lepehan arem-arem ki piye. Rak yo luwih njijiki tho?.

Pithik Putih:
Timbangane dibeleh, aku milih mangan lepehan arem-arem wae.  Ben kowe wae sing ora doyan mangan luwih pantes dibeleh...

Pithik Blorok:
Enak wae.  Aku ya ora gelem dibeleh ki.....  (Pithik Blorok banjur cepet-cepet melu notholi lepehan arem-arem karo mripate merem amarga jijik)

Pithik loro kuwi rebutan ngentekke lepehan  arem-arem.  Mbak Dewi lan Adhine dadi gumun. Pithik sing mau ora doyan lumpia, sega lan roti kok saiki malah rebutan lepehan arem-arem. Lucu tenan pithik jaman saiki (Undil-2012). 

referensi: http://duniashinichi.blogspot.com

Kancil Nyolong Timun

Kancil Nyolong Timun, Cerito Boso Jowo "Kancil Nyolong Timun" | Ayo konco kabeh podo sinau muatan lokal salah sisjine Boso Jowo iki sing sak iki mulai ambrul adul, akeh wong Jowo sing gak Njawani, mulo iku iki enek cerito kanthi judul Kancil Nyolong Timun.


"KANCIL NYOLONG TIMUN"



Ing sawijining ing desa Dadapan urip keluwarga mbok Randa Dadapan karo anake wadon sing jenenge Menur. Bojone wis mati sepuluh tahun kapungkur. Saiki Menur wis dadi kembang desa lan umure wis 17 taun. Mbok Randa Dadapan supaya ora kesepian pengin anake Menur cepet-cepet ndang dadi manten wae. Kebeneran ana pemuda desa sing jenenge Tole Lanang pengin ndadekne Menur dadi bojone. Kamangka iku mbok Randa Dadapan wis siap-siap areng nganakne pesta kawin kanggo anake Menur

Bojone mbok Randa Dadapan seda kanthi menehi warisan sawah rong hektar. Kanthi bantuwan wong-wong sak desane, sawahe mbok Randa mau ditanemi pari lan palawija kayata kacang lanjaran, kacang dele, waluh, timun, lan semangka. Amarga lemah ing desa Dadapan iku subur-subur, kabeh tanemane mbok Randa mau ya subur-subur lan werna-werni ndemenake. Ana sing wernane abang, putih, kuning, ijo lan ungu

Neng rerembukan alas cedake Desa Dadapan urip sakwijining kewan cilik sing terkenal akeh akale. Bentuk kewane meng kaya wedus utawa kidang, ning cilik, pada wae gedene karo anakan wedus utawa anakan kidang. Jenenge kewan kuwi si Kancil. Kancil wis suwe idune ngiler ndelok kasil sawahe mbok Randa sing subur makmur, utamane timur sing seger lan semangka sing legi-legi seger. Pokoke si Kancil mikir, cepet utawa suwi aku kudu nyolong timun lan semangkane mbok Randa. Tapi dasar pikirane Kancil sing pinter, deweke nggak pengin mung mangan timun tanpa oleh sing liyane. Apa kuwi sing liyane ?

Jebul wis suwe si Kancil pengin dadi mantune mbok Randa lan ngawini anake mbok Randa sing dadi kembange desa Dadapan, yakuwi si Menur. Tanpa sadar, si Kancil wis suwe neroake apa wae sing biasane dilakoni karo Tole Lanang calon bojone Menur. Tapi amarga wetenge luwe, si Kancil pengin ndang cepet wae mangan timun neng kebone mbok Randa. Mangka kuwi esuk-esuk jam 7, si Kancil wis mulai nyolong timun neng kebone mbok Randa. Pas enak-enak mangan timun lan cangkeme kebak timun, si Kancil ditangkep karo mbok Randa dibantu karo akeh wong lanang neng desa Dadapan. Kancil terus ditangkep lan dikerangkeng nganggo kurungan pitik lan dijaga karo si Bruno, asune mbok Rana

Dasar Bruno kuwi asu preman, si Kancil sedela-sedela diwedeni nek areng dibeleh lan dianggo pesta wektu mantene si Menur lan Tole Lanang. “Wah celaka, penginku kawin karo Menur kok malah aku diwedeni terus karo si Bruno”, pikire si Kancil. Kamangka kuwi, ing sak wijining dina si Kancil nyeluk si Bruno, “No..No..mrenea disik No, aku ana kabar penting iki”, si Kancil nyeluk si Bruno. “Kabar penting apa ?”, pitakone si Bruno. “Ngene No, aku iki dicekel mbok Randa amarga aku arep didadekne manten karo Menur anake mbok Randa Dadapan, soale mbok Randa sak jane ora seneng si Menur bakal dilamar Tole Lanang. Senenge mbok Randa ya Menur didadekne manten karo aku, si Kancil sing paling cerdas sak ndonya iki No. Ngerti kowe ra, asu goblok ?”

Pancen Bruno asu iku pikirane cupet. Ning keasuan Bruno tersinggung disebut asu goblok karo si Kancil, kamangka kuwi Bruno nyoba ngrayu si Kancil, “Cil..cil, aku pengin lho dadi mantune mbok Randa Dadapan lan dadi manten karo Menur sing ayune uleng-ulengan kuwi. Wis aku wae sing dikurung neng kono. Mengko kowe tak wenehi 100 wiji timun lan panganen sak waregmu, asal kowe gelem tak genteni”. “We…enak bae, aku wis meh dadi mantune mbok Randa lan dadi bojone Menur kok mbok genteni. Ngene wae, wis timun lan 100 benggol duwit Landa ngge aku. Gelem ora ?, pitakone si Kancil marang Bruno. “Yo wis man, deal yo…?”, Bruno jungkir walik sak senenge…

Akhire Bruno mlebu kurungan pitik, lan si Kancil isa ngirup udara bebas…

Sepuluh tahun sak wise kuwi, Bruno mati tuwek neng kandange. Si Kancil urip bahagia merga dadi manten karo si Kumang, kancil wedok lan oleh anak loro, sing siji lanang dijenengake si Kancil Jr. dan sing nomor loro wedok dijenengake si Kumang Jr.

Cerito Wayang Ramayana Lan Sintha Kandhusta

Cerito Wayang Ramayana Lan Sintha Kandhusta, Cerito Boso Jowo Wayang Ramayan Lan Sintha Kandhusta | Cerita Jawa kali ini membawakan tema dari perwayangan yaitu kisah dari Ramayana Lan Sintha Kandhusta.

Ramayana Lan Sintha Kandhusta


Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangendering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari.
Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.
Sinta lan Laksmana ingkang hanganti dhatenging ingkang raka Rama dinandak hamiyarsa suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri. Kusumaning ayu Sinta sajroning wardaya, hanyipta lamun swara ingkang kapiyarsa punika, tuhu swaranipun raka Rama, mila tarataban manahira, sigra dhawuh mring ari Laksmana, supaya enggal lumawat mring Rama, aweh pitulungan, Laksmana ingkang wicaksana tansah sung pemut, bilih swara punika sanes suwarnipun Rama.

Saiki, Rama sadar menawa dheweke wis ketipu. Dheweke gage-gage bali ing panggon Sinta ngenteni. Ing dalan dheweke papasan karo Laksmana, banjur dheweke bali bebarengan.   Endah kagete Rama lan Laksmana menawa Sinta wis kasil dicolong Prabu Dasamuka.
Manuk Jatayu mbudidaya ngalang-ngalangi malah tekaning pati kaperjaya dening gegamane Rahwana, lan Sinta bisa digawa menyang Ngalengka. Sadurunge mati Jatayu isih bisa ngabari Rama lan Laksmana tumrap kaanane Sinta. Amarga gugur njalanake darmane, Rama lan Laksmana nyuwun marang Sang Kuasa supaya gugure Jatayu  bisa sempurna.  Awit saka panyuwune Rama lan Laksmana, Jatayu bisa gugur secara moksa. Awake melu ilang lunga ing Suarga.

Ing perjalanan menyang Ngalengka, Rama lan Laksmana ketemu karo Anoman kethek putih putrane Bathara Guru. Anoman didhawuhi ngabdi karo Rama.
Nalika, ing tengahing alas, padha mireng suara tangis. Sawise diceraki, swara iku saka kethek ingkang kejepit ing silangan wit gedhe Rama banjur nulungi kethek iku saka jepitan. Kethek iku ngaku menawa dheweke iku Raja ing Guwakiskendha, sing jenenge Sugriwa. Kakange sing jenenge Subali mbrontak karo Guwakiskendha, banjur dheweke di siksa lan dijepit ing silangan wit. Lajeng kanggo ngrebutke Guwakiskendha,  Sugriwa padu karo Subali, Rama nglepaske wastra pusaka Gumawijaya. Dening Resi Subali nduweni Aji Pancasona, dheweke tetep kalah. Kanthi dibantu Rama, Sugriwa bisa dadi  Raja maneh ing Guwakiskendha.

Kanggo bales budi, Sugriwa ngerahke wadyabalane kanggo mbantu Rama ngrebut Sinta saka Prabu Dasamuka. Anoman didhawuhi Rama supaya nggoleki Sinta menehake ali-aline Rama lan mangerteni kekuatanne Kerajaan Ngalengka. Nalika arep bali Anoman dicekel wadya bala Ngalengka. Anoman arep diobong nanging banjur mabur nggawa geni kanggo  ngobong kraton Ngalengka, kajaba taman Argasoka, panggon Sinta didhelikake.

Akhire, kedadean perang gedhe  Pancawati mungsuh karo Nglengka.
Wadya balane Ngalengka  wujud buta-buta lan wadya balane Rama dibiyantu kethek-kethek balane Sugriwa, Senapati  Nglengka akeh sing tiwas. Pancawati menang. Sawise perang Rama lan   Shinta bali menyang Ayodya, Nanging Sinta susah ora enggal ketampa dening Rama, amarga dianggep wis ora perawan maneh. Sinta reresik awak saka geni lan banjur ditampa. Pratelane Rama, sesucen iku kudu ditindakake kanggo ngilangi pandakwa ala tumrap garwane.

Cinderella Versi Jowo - Cerito Boso Jowo

Cinderella Versi Jowo - Cerito Boso Jowo | Emeng- emeng iki cerito boso jowo mugo miguno kanggo sopo kono, ceritane kanthi judul Cinderella. Monggo dipun simak

"CINDERELLA"


Ing sawijineng kerajaan, wonten bocah wadon kang elok parase lan becik atine. Deweke mau urip sareng biyung lan kakang-kakang tirine, amargo wong tuane sampun sedo. Ing griya kasebut deweke terus di dawuhi makaryo beresi gawean kang wonten ing griya. Deweke sabendina di dukani lan di paring mangan naming kaping pisan saben dinane. Kakang-kakange kang olo atine wau nimbali “Cinderella”. Cinderella kang artine bocah wadon kang reget. “ Asma kui pancen pantes kaggo koe!’ ngendika kakang-kakange.

Sawise pirang dino, wonten pengawal kerajaan kang nyebarke serat ulem pesta ing istana. Kabeh wargo dipun diundang. “Asyik….awake dewe arep tindak menyang istana lan dandan kang ayu. Menawi kulo dados putrid raja, biyung musti bungah atine”, ngendikane. Dinten kang ditunggu sampun dugi, kakang tirine Cinderella miwiti dandan karo bungah atine. Cinderella susah sanget amargi mboten angsal tumut kaliyan kakang-kakange ten pesta istana mau. “ Klambi wae sampeyan mboten gadah, nopo sampeyan badhe tindak wonten istana ngengge Klambi koyo kuwi?”, ngendika kakange Cinderella.

Sawise kabeh sampun padha budal tindak Istana, Cinderella banjr bali wonten bilikipun. Deweke banjur nangis kang kenceng sanget amargi atine kang kesel sanget. “ kulo mboten saget tindhak wonten istana amargi klambi kulo reget, nanging kulo pengen tindak…..” Mboten dangu wekdalipun krungu sawijineng suara. “ Cinderella, wes ampun nangis ngonten niku.” Nalika Cinderella noleh, deweke banjur mersani sawijining peri. Peri munika banjur mesem. “Cinderella gawakno kewan tikus sekawan lan kadal kaleh cacahe. “ Sawise kabeh mau dipun kumpulke kaleh Cinderella, Peri gowo kewan-kewan mau ten kebon labu wonten wingking griya. “simsalabim!”kaliyan nebar sihire, banjur ono kadadeyan kang aneh”istimewa”. Tikus-tikus mau dadi jaran, lan kadal-kadal mau banjur dadi tiyang. Ingkang pundatan, Cinderella dados putrid kang elok parase, lan ngagem Busana kang becik sanget.

Amargi saking bungahe, Cinderella joget muter-muter karo sepatu kacane koyo kupu-kupu. Peri ngendika, “ Cinderella, Pengaruh sihir iki badhe ilang sawise jam kalehwelas dalu. Amargi kuwi, Baliyo saderenge tengah wengi.”inggih, wangsule Cinderella. Kreta jaran emas banjur langsung mangkat wonten istana. Nalika mlebet, sedanten tiyang ing jero istana mau padha ningali Cinderella. Sedanthen kesemsem dumatheng Cinderella kang elok. “ elok pisan putri menika! Putrid saking pundhi ?” tanglet kabeh poro tamu ing jero istana. Akhire Pangeran banjur nyamperi Cinderella.”Putri kang elok, Sudikah kiranya putri jejogetan kaleh kulo?” ngendikane. “ inggih…., “ ngendikane Cinderella kaliyan maringke tangane lan mesem. Pangeran lan Cinderella banjur jejogetan. Biyung lan kakang-kakang tirine Cinderella seng wonten jero istana menika mboten nyangka menawi Putri kang elok parase menika mboten liya Cinderella.

Pangeran terus jejogetan kaliyan Cinderella.”Tiyang koyo sampeyan niki ingkang kula kasemsemake,” ngendikane Pangeran. Amargi saking bungahe, Cinderella sampe kesupen kaliyan wekdalipun. Wekdal sampun tengah dalu.” Pangapunten Pangeran, kulo kudu wangsul sak menika…,”. Cinderella banjur mlayu ninggalke pesta ing istana. Wonten tangah dalan, sepatune ucul sebelah, nanging Cinderella mboten gatek’aken, deweke nekat mlayu. Pangeran nguber Cinderella nanging cilakane mboten ketemu kaliyan Cinderella, Pangeran namun nemok’ake sepatu kacane Cinderella. Sakwise pangeran nemu sepatu kolowau, pangeran banjur janji nek dewek’e arep madhosi putrid kang anggadahi sepatu kaca seng sebelahipun mbanjur di dadose garwonipun.

Dinten sak lajengipun, para pengawal ingkang diutus pangeran tindak wonten griya-griya para wargane ingkang anggadah putri kang due maksud madose putrid kang anggadahi sepatu kaca punika. Akhiripun para pengawal wau dugi wnten griyane Cinderella,.”Kulo madosi putri kang sikile cocok kaliyan sepatu punika,” ngendika pengawal. Kakang-kakange Cinderella nyobo sepatu kuwi, nanging sikile pado gegeden. Kakang-kakange Cinderella mekso sikile di lebok’ake neng sepatu kaca ampe tatu. Ing wekdal iku, pengawal mersani Cinderella.”hae…koe, cobo sepatu kaca iki,” ngendikane. Biyung lan kakang-kakang tirine banjur nesu, “mboten mbade cocok sepatu iku karo Cinderella!”. Cinderella langsung julurke sikile. Akhire sepatu kasebut pancen cocok marang sikile Cinderella.”Ah! Kowe putrid iku,” tandas pengawale pangeran.”Cinderella, selamet…,” Cinderella noleh ten wingking, peri sampun ngadek ten wingkingipun.”wiwit sakmenika uripo seng seneng kaliyan pangeran. Sim salabim!,” ngendikane.

Sak wise peri maos mantranipun, Cinderella dados putrid kang nganggo klambi pengantin. Cinderella di derekaken kaliyan tikus-tikus lan manuk seng dados rencangipun. Sak wise Cinderella dugi wonten istana, pangeran nyambut karo mesem saking bungahe. Akhire…Cinderella rabi lan dados garwane Pangeran.

Putri Cinderella kang elok parase lan becik atine wau ora due dendam kaliyan biyung lan kakang-kakang tirine, malah podo di ampuni lan di ajak ing istana. Pangeran Lan Putri Cinderella akhire, Urip mulyo.

referensi: dongengbosojowo.blogspot.com

Legenda Gunung Bromo Versi Jowo

Legenda Gunung Bromo Versi Jowo | Cerito Boso Jowo "Legenda Gunung Bromo" - Mari kita semua membaca sejarah- sejarah di Indonesia yang kini mulai surut. Cerita Bahasa Jawa kali ini mengenai "Legenda Gunung Bromo".

"LEGENDA GUNUNG BROMO"


Jaman biyen nalika Dewa-Dewa esih seneng mudun marang dunia saka kayangan, nalika kui kerajaan Majapait lagi kena serangan saka daerah-daerah. Wargane pada bingung golet panggonan kanggo ngungsi, pada wae karo para Dewa. Wektu kui Dewa mulai lunga marang sawijining panggonan, nang sekitare Gunung Bromo.

Gunung Bromo esih tenang, ngadek dislimuti kabut putih. Dewa-dewa sing teka marang panggonan kui ing sekitare Gunung Bromo, semayam ing lereng Gunung Pananjakan. ing panggona kui bisa weruh Srengenge munggah seka wetan lan Srengenge sirep seka kulon. Sekitare Gunung Pananjakan, panggonan Dewa-Dewa semayam, ana uga panggona kanggo pertapa. Pertapa kui mau saben dina pahalane megur muja lan ngening cipta. Sawijine dina sing mbahagiakake, bojo kui lairake anak lanang.


Raine ganteng, cahyane terang. Mertandakake anak sing lair saka titisane jiwa sing suci. Wiwit lair anak kui keton sehat lan kuat sing luar biasa. Wiwit lair, anak Pertapa kui wis bisa ngetokake suara seru. Gegeman tangane seret banget, tendangan sikile uga kuat. Ora kaya anak lia umume, bayi kui diarani Joko Seger, sing artine sing sehat lan kuat.

Ing panggonan lia sekitare Gunung Pananjakan, wektu kui ana anak wadon lair saka titisan Dewa. Raine ayu lan elok. Siji-sijine anak sing paling ayu dewek ing panggonan kui. Wiwit dilairake, udu umume bayi lair, meneng ora nangis wektu
dilairake seka rahim beyunge. Merga kui, wongtuane ngarani bayi iku Rara Anteng.

Rara Anteng sengsaya dina sengsaya dadi anak remaja sing ayu. Garis-garis ayune metu jelas saka raine. Rara Anteng terkenal tekan daerah-daerah. Akeh putera raja pada nglamar Rara Anteng, nanging ditolak, amarga Rara Anteng wis kepincut karo Joko seger. Sawijining dina Rara anteng dilamar Bajak sing sekti lan kuat. bajak kui terkenal jahat banget. Rara Anteng terkenal alus atine ora wani nolak pelamar sekti kui. Merga kui Rara anteng njaluk supaya di gawekna segara ing tengah-tengahing gunung. Dikira penjalukan sing aneh supaya pelamar sekti mau ora bisa nyanggupi. Segara kui mau kudu di gawe ing sewengi, yaiku diwiwiti srengenge sirep tekane srengenge munggah. Disanggupi penjalukan Rara Anteng kui.

Bajak sekti mau mulai gawe segara nganggo batok saka krambil lan meh rampung. Weruh kenyataan sing kaya kui, atine Rara Anteng gelisah ora tenang. Kepriwe carane gagalaken lautan sing agi di gawe Bajak kui? Rara Anteng mikir nasibe, Rara Anteng ora bisa urip karo wong sing ora disenengi. Banjur Rara Anteng golet cara supaya bisa gagalaken usahane Bajak mau. Banjur Rara bisa nemu cara yaiku nutu pari ing tengah wengi. alon-alon suara alu nangekake jago sing pada turu. Kluruk jago saut-sautan, kaya fajar wis metu, nanging wargane durung nglakoni kegiatan esuk. Bajak rungu jago kluruk, nanging benang putih saka wetan urung metu. Berati fajar teka urung wektune. Mikir nasib siale, banjur batok sing dinggo kanggo gawe lautan mau di buang, gigal tengkurep nang jejere Gunung Bromo lan malih dadi gunung diarani gunung Batok.

sumber: bom2000.com

Pangeran Samudro | Cerito Boso Jowo

Pangeran Samudro | Cerito Boso Jowo - Berlanjut dari posting sebelumnya artikel kali ini temanya menceritakan tentang Pangeran Samudro dengan versi Boso Jowo, jika tertarik silahkan di baca berikut ini.

"PANGERAN SAMUDRO"


Legenda Gunung Kemukus utawa Legenda Pangeran Samodra iku asale utawa dikenal neng desa Pendem, Kecamatan Sumberlawang, kabupaten Sragen, 26 kilometer saka tlatah Surakarta mengidul. Neng Gunung Kemukus iku ana sarean kramate Pangeran Samodra sing saiki papane kanggo obyek wisata neng kabupaten Sragen. Saben malem jum’at pon, kuburan kramat Pangeran Samodra iku ditekani wong akeh saka ngendi-ngendi sing biasane arep nggolek pesugihan.
Sejatine sing diarani Gunung Kemukus iku beda karo gunung-gunung liyane, kayata Gunung Merapi, Gunung Merbabu, lan sakpiturute. Gunung Kemukus iku dhuwure mung 300 meter saka permukaan laut. Dadi sakjane Gunung Kemukus iku mung gunung anakan. Jeneng “Kemukus” iku sejatine saka jeneng wit kemukus, kaya wit ringin, nanging ora nduwe sulur (akar gantung). Godhonge bisa dienggo tamba. Ananging sumber liyane nyebutake yen jeneng “Kemukus” kuwi saka tembung “Kukus”, amarga saka gunung kuwi kerep metu keluk sing asale saka obong-obongan menyan sing dadi sarat wong-wong sing padha njaluk berkah neng makam kramate Pangeran Samodra.
Miturut cerita saka masyarakat, Pangeran Samodra iku putrane Pangeran Kadilangu utawa.Sunan Kalijaga sing gagah, bagus, lan tuture alus, ananging yen diusut lewat sejarah, putrane Sunan Kalijaga iku jenenge Sunan Muria. Mulane legenda iku isih mbingungke..
Nalika semana, Kerajaan Majapahit pecah amarga ana pemberontakan Girindrawardana, priyayi-priyayi lan punggawan-punggawan padha mlayu nyelametake awake dhewe-dhewe. Ana sing lunga neng Gunung Tengger, ana sing nyebrang neng Bali. Pangeran Samodra bingung, arep melu lunga apa pilih tetep neng kono.
“Aja melu-melu para priyayi lan punggawan sing padha pilih nyingkir saka kene Pangeran Samodra. Meluwa aku wae! Aku arep pindhah neng Demak, banjur ngedekke pemerintahan neng kana”, ngendikane Raden Patah.
“Sendika dhawuh Raden”, semaure Pangeran Samodra.
Akhire Pangeran Samodra lan ibu kuwalone, Dewi Ontrowulan pindah Raden Patah neng Demak.
Tekan Demak, Raden Patah sak rombongane nyiapke pemerintahan dinggo nglawan Girindrawardana sing saiki nguwasani Majapahit. Raden Patah banjur nimbali Pangeran Samodra supaya ngadhep.
“Wonten dawuh punapa Raden?”.
“Pangeran Samodra, aku iki lagi nyiapke pemerintahan sing kuwat kanggo nglawan Girindrawardana, mula iku kanggo jaga-jaga lan supaya pemerintahane kuwat, aku pengen nglumpukake para priyayi lan punggawan-punggawan sing padha nyingkir, kocar-kacir ora nggenah. Aku ngutus njenengan supaya nggoleki lan nglumpukke para priyayi-priyayi lan punggawan-punggawan sing padha lunga kuwi, supaya pemerintahanne Demak bisa luwih kuwat nglawan Girindrawardana.
“Sendika dhawuh Raden”.
Tanpa kakeyan mikir, Pangeran Samodra langsung nyanggupi. Bareng wis budal, Pangeran Samodra rada kangelan anggone nggoleki para Punggawan lan priyayi amarga dheweke ora ngerti panggonane wong-wong iku saiki lan ana sing sengojo ndelik amarga ngerti yen lagi digoleki dening Pangeran Samodra.
Bareng suwe olehe Pangeran Samodra nggoleki, akhire neng lereng Gunung Lawu, Pangeran Samodra ketemu karo Raden Gugur. Banjur ketemu Raden Bethara Katong, sing biasane dikenal wong nganggo jeneng Adipati Ponorogo, Adipati Madiun, lan akeh meneh sing akhire gelem balik ndukung Raden Patah.
Neng Demak, Dewi Ontrowulan dadi kangen banget karo anak kuwalone, Pangeran Samodra.
“Pangeran Samodra, kapan sliramu bali neng Demak? Wis suwe anggonmu lunga ngemban tugas, ananging kena apa, tekan saiki sliramu ora bali-bali?”, ngomonge Dewi Ontrowulan nalika dheweke ngalamun neng kamar.
Pangeran Samodra wiwit lara-laranen amarga kekeselen.
“Pangeran Samodra, gandheng panjenengan nembe gerah, punapa mboten luwih sekeco panjenengan kondur kemawon dhateng Demak?”, mature prajurit marang Pangeran Samodra.
Bareng rombongan wis tekan neng dukuh barong, Pangeran Samodra lara meneh.
“Wis ngene wae, gandheng awakku lagi lara, awakku kayane ya ra kuwat, mendhing aku keri neng kene wae. Kowe-kowe padha baliya neng Demak, laporan karo Raden Patah. Karo tulung aturke sembah sungkem kagem kanjeng ibu, Dewi Ontrowulan”. Ngendikane Pangeran Samodra marang prajurit-prajurite.
Nalika prajurit loro mau mangkat lunga neng Demak, larane Pangeran Samudra saya nemen . Pangeran Samodra uwis krasa yen Dheweke wis cedhak karo ajale. Pangeran Samodra paring dawuh marang salah siji prajurite sing isih ngancani dheweke.
“Aku wis bener-bener ra kuwat meneh. Kayake aku arep ditimbali Gusti.Yen mengko wis tekan janjiku, dipundhut dening Gusti, tulung aku kuburen neng gunung anakan Kemukus sing panggone sakulone dukuh Barong iki”, ngendikane Pangeran Samodra.
“Ampun ngendikan kados mekaten, Pangeran…”.
Nalika prajurit loro mau tekan Kerajaan Demak Dewi Ontrowulan sedih, krungu kabar yen anake lara. Banjur dheweke njaluk ijin Raden Patah nyusul Pangeran Samodra neng dukuh Barong.
“Raden patah, dalem nyuwun pamit, badhe nyusul Pangeran Samodra dhateng Dukuh Barong. Dalem sampun kangen sanget Raden”.
“Ya Dewi Ontrowulan, enggal budhalo”.
Dewi Ontrowula cepet-cepet nyusul Pangeran Samodra neng Dukuh Barong. Atine Dewi Ontrowulan remuk banget nalika tekan panggonan sing dituju, Pangeran Samodra wis seda, lagi arep dikubur neng gunung anakan Kemukus. Ontrowulan nyusul rombongan wong sing nggawa mayite Pangeran Samodra karo nangis sesenggukan. Dewi Ontrowulan rumangsa perlu nyuceni awake sadurunge nyedhak mayite Pangeran Samodra, akhire Ontrowulan adus neng tlogo tilase sing dinggo ngaduse mayite Pangeran Samodra. Bareng wis resik, Ontrowulan nyusul Pangeran Samodra, pas Pangeran Samodra arep dilebokake neng jogangan kuburan.
Miturut wong-wong sing padha layat, Dewi Ontrowulan sing nyekseni mayite Pangeran dilebokake neng jogangan kuburan mau ngerti-ngerti ora sadar, seda, lan melu nyemplung neng njero jogangan, dadi siji karo Pangeran Samodra. Akhire Pangeran Samodra lan Dewi Ontrowulan dikubur bareng neng sakjogangan.

referensi: dbspurwodadi.blogspot.com

Cerito Kancil Lan Merak

Cerito Kancil Lan Merak - Cerito Boso Jowo | Hallo semua kembali ini cerita dari kisah dua binatang yang cerdik dan indah yaitu Kancil dan Merak dalam sebuah dongeng berbahasa Jawa. Berikut ini Ceritanya.

"KANCIL LAN MERAK"


Merak pancen seneng macak. Mula tansah nengsemake. Wulune katon edi, gawe resep kang padha nyawang. Mula ora sithik tangga-teparo padha mara nyang omahe Merak saperlu sinau ngadi busana lan ngadi salira. “Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” ujare Kancil marang Merak. “Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh.

“Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.“Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?” pitakone Kancil.

“Tangeh lamun, Cil! Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi peparinganing Pangeran kudu tinampa kanthi ati segara,” wangsulane Merak. “Karo maneh kabeh sing tememplek ana saranduning badan iki, mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku ora durung mesthi ana ing kowe, semono uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna tumrapmu!” Dongeng Bahasa Jawa

Nanging Kancil sajak wingi nyawang kaendahan wulune Merak. “Piguna apa?” Sawise megeng napas sawetara banjur nggrundel, “Senajan piguna, nyatane wuluku letheg! Aku luwih bungah yen wuluku bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah nyawang!”“Kuwi rak mung saka panggraitamu dhewe. Nanging ora kok, Cil!” sahute Merak. “Sebab saben kewan ginaris dhewe-dhewe! Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya ngene, wulu-wulumu kaya ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan sato kewan liyane ora ana sing padha!” Dongeng Bahasa Jawa

Senajan akeh-akeh Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung pepenginane Kancil nduweni wulu kaya wulu Merak. “Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane Kancil setengah meksa.

Merak gedheg-gedheg gumun karo kekarepane Kancil. “Saupama bisa, terus mengko kowe dadi kewan apa?” pitakone Merak.“Kewan apa wae terserah sing arep ngarani! Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakone Kancil ngoyak, ora sabar.“Bisa wae, nanging mung imitasi! Pasangan!”“Ora masalah!” Kancil bungah. “Ndang dipasang!” panjaluke kesusu.“Ya sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake bodholane wuluku lan wulu-wulune wargaku.”“Terus kapan?”“Udakara rong mingguan.”“Tak tunggu, Rak, ujare Kancil banjur nerusake lakune. Merak mung nyawang kanthi mesem, “Cil, Kancil. Yen duwe kekarepan kok ngudung, tanpa metung tuna lan bathine. Kudu tak udaneni kekarepane, ngiras kanggo menehi piwulang marang dheweke.”Tekan dina sing dijanjekake, esuk uthuk-uthuk Kancil
wis tekan omahe Merak. “Piye, Rak? Iki
wis rong minggu!”“Beres!” jawabe Merak karo nata wulu-wulu sing
wis diklumpukake, “Gilo! Wulu-wulu
wis mlumpuk, malah Dongeng Bahasa Jawa
wis dakdhewek-dhewekake! Wulu awak, wulu swiwi, wulu buntut, aku uga
wis golek tlutuh wit karet barang minangka kanggo nemplekake ing badanmu!”“
Wis gek ndang dipasang nyang awakku!” ujare Kancil karo lungguh dhingklik sacedhake Merak.Merak banjur ngoser-oseri kabeh kulite Kancil nganggo tlutuh karet. Bareng kawawas
wis ora ana sing keri, baka siji Merak nemplekake wulu-wulu nut karo kebutuhane. Wulu gulu ditemplekake ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene wulu buntut uga dipasang ing buntute Kancil.Sedina natas, kabeh wulu
wis kapasang ing kulite Kancil.“Rampung, Cil,” ujare Merak mesem. “Kae ana pengilon, ndang ngiloa!”Kancil banjur ngilo. Weruh kahanan awake, dheweke mongkog, “Iki sing dakkarepake!” celathune. “Aku bakal dadi salah sijining kewan kang paling endah!”“Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak mbombong. “Mung aja nganti kaendahan mau malah ngreridhu lakumu,” bacute ngelingake.“Ngreridhu piye to? Wong apike kaya ngene kok ngreridhu. "Lho, wulu wulu kuwi mung templekan. Cetha bakal ngebot-eboti awakmu!”  Kancil ora nggagas, malah gage pamitan.

Wis, Rak. Aku pamit! Lan nedha nrima awit saka kabecikanmu, aku selak pengin mamerke kahananing awakku saiki!”“Sing ati-ati Cil, ” kandhane Merak karo nguntapake Kancil metu saka omahe.Metu saka platarane Merak, Kancil mlaku lon-lonan. Bokonge digidal-gidulake, pamrihe supaya bisa mamerake wulune kang apik tur edi. Saben ketemu sato, Kancil tansah mesem karo aruh-aruh sombong. Dene sing diaruhi uga genti mesem, mung eseme esem geli. Geli amarga weruh kahanan kang ora lumrah. Nanging tumrap Kancil esem mau tinampa beda, “Kabeh kewan padha kesengsem lan kepincut karo aku,” ujare jroning ati.Nanging sengsem, edi, lan endah mau ora suwe. Bareng tlutuh karet mau garing, kulite Kancil dadi kaku nyekengkeng. Akibate sikil, gulu, lan buntute angel diobah-obahake. Kancil mung bisa njegreg ngececer, ora bisa lumaku. “Tulung! Tulung! Tuluuung! Tuluuuung....!” pambengoke sabisa-bisane.“Ana apa to Cil?” pitakone Merak krungu pambengoke Kancil. “Gage tulungana aku, saranduning badanku angel diobahake!”“Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe gelem?”“ Gelem Rak!” ujare Kancil nglenggana marang apa sing
wis dilakoni. Dheweke eling menawa kabeh paringane Gusti mono kudu tansah disyukuri. Apik, edi, lan endah tumraping sesawangan kadhang bisa ngganggu utawa mbilaheni.

Alon-alon, Merak mbubuti wulu sing wis kebacut kraket ing awake Kancil. Senajan ngrasakake perih amarga sebagian kulite ana sing katut thethel, Kancil mung mringis-mringis karo ngempet lara. Ora sambat. Ndhadha tumindake kang salah merga mung nuruti karepe dhewe, tanpa metung tuna lan bathine.

referensi: h-e-r-u.blogspot.com